Cerita Rakyat Legenda Keong Mas ber- Bahasa Jawa

Hai sobat kali ini saya akan berbagi Cerita Rakyat Berbahasa Jawa dengan judul "Keong Mas". Pada artikel Cerita Rakyat Berbahasa Jawa: Keong Mas ini murni ceritanya menggunakan Bahasa Jawa. Semoga bermanfaat dan dapat menyelesaikan tugas-tugas Bahasa Jawa.

Cerita Rakyat Berbahasa Jawa:

Legenda Keong Mas

gambar Legenda keong Mas
gambar. keong mas
Wis setaun suwene mangsa ketiga dialami desa Dhadapan. Krana kuwi uripe warga katula-tula, akeh lelara lan dadi larang pangan.

Ing Dhadapan ana wadon tuwa sing lola tanpa dulur, yaiku mbok Randha. Kanggo nyambung uripe, mbok Randha luru krowodan ing alas kewan sabendinane. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Sanajan kahanan kaya mangono nanging dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti. “Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking prahara punika.”


Sawijining esuk, mbok Randha golek panganan ing alas
. Nalika lagi milang-miling weruh cumlorot cahya saka sak tengahing kali kang asat. “Kok cumlorot kaya emas, cahya apa kuwi ?”, ing atine tuwuh pitakon, banjur mbok Randha nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.



Mbok Randha menyang alas k
aya biyasane, nanging nasibe lagi apes, urung entuk krowodan nganti meh surup, dheweke banjur mulih ngelanthung ora entuk opo-opo. Sawise leyeh-leyeh ing emperan dheweke menyang pawon menawa wae ana krowodan kang bisa ganjel weteng kang luwe. Mbok Randha kami tenggengen amrgi ngerti panganan kang ana ing pawone. Sopo sing ngeteri panganan kuwi, ing batine kebak pitakon. Sebab mulih saka alas, pawone mbok Randha wis cumepak panganan, mengkono iku kedadeyan ing saben dina. Sawijining dina kanthi sesideman, mbok Randha ndedepi sapa tho wong kang mlebu ing pawone.



Keong Mas mau metu saka genthong lan malih dadi putri kang ayu. 
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal lunga mbok Randha, Keong Mas mau malih wujud. Mbok Randha banjur nakoni sapa sejatine putri kang ayu kuwi.


    “Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong Mas ?”


    “Yung aku iki garwane 
Raja ing Jenggala,Raja Inukerta, aranku Candrakirana


    “Lho kok bisa dadi Keong Mas lan awakmu bisa tumeka ing alas Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye tho cah ayu ?”


Banjur, Dewi Candrakirana njlentrehake menawa ing sawijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging dheweke wegah, ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda dadi Keong Mas banjur diguwang adoh saka kraton Jenggala menyang kali. Tujuane supaya ora bisa ketemu karo garwane Candrakirana, Raja Inukerta. Anehing kahanan ana ing nalikane kali kecemplungan Keong Mas banyune dadi garing, 
kaline asat. Asate banyu iku mau kang njalari Keong Mas nyungsang ing watu-watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu, akhire banjur diopeni Mbok Randha Dhadapan.


Mula kuwi aku tak ndelik ing kene supaya ora konangan Raja Jin, anggepen aku iku anakmu dhewe lan Limaran dadi aranku.
 Ing saktengahing rerembugan, ana swara lanang dhodog-dhodog lawang, Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh mau sandangane nuduhake punggawa kraton. Banjur dheweke crita menawa diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.


Raden Inukerta sauwat kaget nalikane nampa kendhi paratala kang diwadahi bokor kencana, amarga dheweke kelingan yen kendhi pratala diwadahi bokor kencana iku sing kagungan mung Dewi Candrakirana, ora ana wong liya sing kagungan kang kasebuta. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Baaaa, bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dhewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udan sawise pageblug ing desa Dhadapan. Kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan, kali bali mili maneh, tlaga agung, desa dadi subur lan reja.


sumber: https://hasanhariyadi11.blogspot.com/2016/08/dongeng-keong-mas-dalam-bahasa-jawa.html


Tags : Cerita rakyat berbahasa Jawa | Cerita rakyat dalam bahasa Jawa | Kumpulan cerita rakyat berbahsa Jawa | Cerita dalam bahasa Jawa | Koleksi cerita rakyat berbahasa Jawa | cerita rakyat Legenda Keong Mas berbahasa Jawa.

0 comments

Post a Comment